Pages

Paribasan

PARIBASAN

Paribasan yaiku unen-unen ajeg panganggone tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane.

Tuladha :

Adigang, adigung, adiguna               : Ngendelekake kekuatan, keluhuran lan kepinteran.
Ana catur mungkur                            : Ora ngrungokake omongan, guneman sing ala.
Angon mangsa                                   : Golek wektu kang becik/ prayoga.
Anak polah bapa kepradhah              : Wong tuwa bakal ngrasakake tumindhake anak.
Becik ketitik ala ketara                      : Tumindak ala lan becik iku bakal ketara/dingerteni tembe mburine.
Busuk ketekuk pinter keblinger         : Sing bodho lan sing pinter padha dene nemu cilaka.
Ciri wanci lelai ginawa mati               : Pakulinan ala ora bisa ilang yen durung mati.
Cincing-cincing maksa klebus            : Karepe arep ngirit ananging jebul entek akeh.
Criwis cawis                                       : Nyacad, akeh omonge ananging uga mrantasi ing gawe.
Dahwen ati open                                : Nyacad nanging duwe pamrih.
Desa mawa cara, negara mawa tata   : Saben panggonan duwe cara dewe.
Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan : Sanjan wong liya yen nandhang rekasa bakal dibelani.
Durung pecus keselak besus              : Durung nyambut gawe nanging duwe pepenginan warna-warna.
Entek amek kurang golek                  : Ngunek-unekake wong sakatoge.
Garang-garing                                    : Katone sugih nanging sejatine kacingkrangan/kekurangan
Njajah desa milang kori                     : Lelungan tekan ngendi-ngendi
Jalukan ora wewehan                         : Seneng njaluk ora gelem menehi
Jer basuki mawa beya                        : Gegayuhan kudu nganggo ragad.
Njunjung ngentebake                         : Ngalembana ananging niyate ngasorake.
Kalah cacak menang cacak                : Kabeh pegawean kudu dicoba dhisik bisa lan orane.
Kebat kliwat gancang pincang           : Tumindak kesusu/grusa-grusu bakal ora kebeneran/gawe rugi.
Keplok ora tembok                            : Melu seneng-seneng nanging ora melu ngetokake ragad.
Ketula-tula ketali                               : Uripe ngrekasa banget.
Kumenthus ora pecus                         : Umuk ananging ora sembada.
Maju tatu mundur ajur                       : Prakara kang sarwa gawe ewuh.
Mbuwang tilas                                   : Ethok-ethok ora ngerti tumindak ala sing dilakoni.
Mikul dhuwur mendhem jero            : Anak kang bisa njunjung drajate wong tuwa.
Nabok nyilih tangan                           : Tumindhak ala sarana kongkonan.
Nyolong pethek                                 : Mleset saka pambatange.
Pupur sadurunge benjut                     : Ngati-ati sadurunge nemu cilaka.
Rawe-rawe rantas                              : Sing sapa ngalang-alangi malang-malang putung kekarepane bakal disingkirake.
Rukun agawe sentosa                        : Rukun bisa dadi kuwat lan yen crah agawe bubrah cecongkrahan njalari ringkih.
Sabaya mukti sabaya mati                  : Rukun nganti tumekaning pati.
Sepi ing pamrih rame ing gawe          : Nyambut gawe kanthi mempeng tanpa duwe pamrih.
Sing sapa salah seleh                          : Sapa sing salah bakal konangan.
Sura dira jayaningrat lebur                 : Kekuatan sing gedhe bakal pangastuti sirna dening tumindak becik.
Tega larane ora tega patine                : Tega rekasane nanging isih menehi pitulungan.
Tinggal glanggang colong playu        : Ninggalake papan pasulayan, peperangan.
Tulung menthung                               : Katone mitulungi nanging malah gawe rekasa sing ditulungi.
Tuna sathak bathi sanak                     : Rugi bandha nanging bathi pasuduluran.
Ulat madhep ati karep                        : Wis mantep banget kekarepane.
Undhaking pawarta sudane kiriman  : Kabar iku beda karo nyatane.
Welas tanpa alis                                 : Karepe ngeman nanging malah gawe kapitunan.
Yitna yuwana lena kena                     : Sing ngati-ati bakal slamet dene sing sembrana bakal nemu cilaka.


  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Twitter
  • RSS

0 Response to "Paribasan"