Ngesir Prawane Kena Randhane
Dening : Nini Klenyem
Dicritakake
Susmono lan Anti sing kekancan wiwit SMA. Wiwit kelas siji Susmono njarag
manggon ana burine Anti supaya bisa cedhak karo dheweke. Diyah Sihanti sing
undang-undangane Anti kuwi wong sing manis, grapyak, karo sapa-sapa supel ora
mbedak-mbedakake. Akeh wong lanang sing seneng nggodhani Anti.
Genep
seminggu srawunge Susmono marang Anti wis akrab. Bareng wis setaun anggone
kekancan wis padha ngerti watake dhewe-dhewe. Nganti kelas telu anggone
kekancan sansaya lestari. Saben Anti diajak kancane dolan bareng-bareng, Anti
mesthi taren karo Susmono. Bareng
lulus, sawise jupuk ijasah, anti didhawuhi Bapake supaya ndherek Ome neng
Surabaya sing dadi dosen akademi perawat. Susmono uga lunga ndherek kangmase
sing ana neng Jakarta lan dikuliyahke neng kana. Sedurung padha pisah, Susmono
lan Anti dolan bareng nganti sedina. Susmono nuruti kabeh apa penjaluke Anti.
Bareng wis sedina anggone padha lunga, Anti dipasrahake marang wong tuwane,
Susmono banjur pamit. Ora let suwe, Anti sida pethuk Ome neng Surabaya.
Sasuwene
kuliyah padha ora ana kabar. Bareng wis lulus, Susmono wis kerja lan wis bisa
tuku omah dhewe. Mumpung ana wektu libur, Susmono mulih lan duweni niat arep
ngaruhake Anti. Sedurunge tekan omah, Susmono mampir neng toko buah, neng kono
dheweke kepethuk wong wadon sing gawa bocah cilik. Susumono ora ngira, jebul
kuwi Anti. Susmono bingung karo bocah cilik kuwi, Anti banjur cerita yen
dheweke wis tau nikah, nanging bojone wis seda amarga kecelakaan. Susmono lemes
atine bareng krungu yen Anti wis tau nikah, nanging Susmono tetep nyedhaki
Anti, neng kono padha balik akrab maneh.
Bengine
Susmono dolan neng omahe Anti, banjur nembung yen dheweke arep momong Anti lan
anake. Anti bungah atine, lan nampa kekarepane Susmono. Susmono uga bungah
atine amarga kekarepane sing wis ditampa Anti. Dheweke banjur pamit mulih lan
gumremeng dhewe : “E… ngarah prawane kok nemu randhane.”