Pages

Saloka

SALOKA

Saloka yaiku unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge.

Tuladha :


Asu belang kalung wang                     : Wong ala (asor) ananging sugih bandha.
Asu gedhe menang kerahe                  : Luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane.
Ati bengkong oleh oncong                  : Wong duwe niat ala, ana sing nyarujuki, oleh dalan.
Baladewa ilang gapite                         : Ilang kekuatane.
Bathok bolu isi madu                          : Wong asor nanging sugih kepinteran.
Bebek mungsuh mliwis                       : Wong pinter mungsuh pinter, sijine kalah ubed utawa kalah trampil.
Belo melu seton                                  : Melu anut grubyug nanging ora ngreti karepe.
Cebol nggayuh lintang                        : Gegayuhan kang mokal bisane kelakon.
Cecak nguntal empyak/cagak             : Gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatane.
Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang : Ala diunekake becik, becik diunek-ake ala.
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan    : Tansah diparingi slamet.
Dom sumuruping banyu                      : Laku sesidheman kanggo nyumurupi wewadi.
Emprit abuntut bedhug                       : Prekara sepele dadi gedhe.
Endhas gundhul dikepeti                    : Wis kepenak isi dienak-enakake.
Gagak nganggo elaring merak            : Wong asor (cilik) tumindak kaya wong luhur.
Gajah alingan suket teki                      : Lair lan batine ora padha bakal ketara.
Gajah ngidak rapah                             : Nerjang wewalere/janjine dhewe.
Gajah perang karo gajah kancil mati ing tengah : Wong gedhe pasulayan, wong cilik dadi kurban.
Gong lumaku tinabuh                         : Wong sing kumudu-kudu ditakoni, dijaluki piwulang.
Idu didilat maneh                               : Menehi dijaluk bali (murungake janji kang wis diucapake).
Iwak klebu ing wuwu                         : Wong sing kena apus kanthi gampang.
Jati ketlusuban ruyung                        : Kumpulane wong becik kelebon wong ala tumindake.
Jaran kerubuhan empyak                     : Wis kapok banget.
Kacang ora ninggal lanjaran                : Pakulinane anak lumrahe niru wong tuwa.
Kebo bule mati setra                           : Wong pinter nanging ora ana kang merlokake.
Kebo ilang tombok kandhang             : Wis kelangan, isih ngetokake wragat kanggo nggoleki.
Kebo kabotan sungu                           : Rekasa jalaran kakehan anak.
Kebo mulih ing kandhange                 : Wong lunga wis suwe, bali ing omahe maneh.
Kebo nusu gudel                                 : Wong tuwa njaluk warah marang wong enom.
Kere munggah bale                             : Wong didadekake wong luhur.
Kethek saranggon                               : Sagrombolan wong tumindak ala.
Klenthing wadhah masin                    : Angel ninggalake pakulinan ala.
Kriwikan dadi grojogan                      : Prekara cilik dadi ngambra-ambra(gedhe).
Kutuk marani sunduk                          : Njarag marani bebaya.
Lahang karoban manis                        : Rupane ayu/bagus tur ya apik bebudene.
Lambe satumang kari samerang          : Dituturi bola-bali tetep ora nggugu.
Legan golek momongan                      : Kepenak malah golek rekasa.
Opor bebek mentas awake dhewek    : Rampung saka dayane dhewe.
Palang mangan tandur                        : Dipercaya malah gawe rusak
Pecruk tunggu bara                             : Dipasrahi tunggu sing dadi kesenengane.
Pitik trondhol diumbar ing pedaringan : Wong ala dipasrahi nunggu barang pengaji, wekasan malah ngentek-enteki.
Satru munggwing cangklakan             : Mungsuh wong sih isih sanak sedulur.
Sumur lumaku tinimba                        : Wong sing kumudu-kudu ditakoni.
Tekek mati ulone                                 : Nemu cilaka jalaran saka guneme dhewe.
Tumbu oleh tutup                                : Wis cocog banget.
Timun mungsuh duren                        : Wong cilik mungsuh wong kang duwe panguwasa.
Timun wungkuk jaga imbuh               : Wong bodho kanggone mung yen kekurangan wae.
Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati : Prakara ala ngabra-ambra, prekara becik mung kari sethithik.
Yuyu rumpung mbarong ronge           : Omahe magrong-magrong, sejatine kek

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Twitter
  • RSS

0 Response to "Saloka"