BABAD MANGIR
Nyritakake
wektu Majapahit runtuh lan Jawa dadi daerah sing ora ngenal kekuasaan tunggal.
Wektu kuwi Walisanga mulai nyebarke Islam lewat pesisir utara, lan Portugis wis
teka ing Sunda Kelapa. Kekuasaan sing ora berpusat kasebar ing Jawa, dadikake
kacau kabeh. Perang katerusan kanggo ngrebut kekuasaan tunggal dadikake pulau
Jawa bubrah. Saengga ing pulau Jawa metu daerah-daerah cilik utawa desa sing
bentuke perdikan utawa desa sing ora duweni kewajiban mbayar pajak marang
pemerintah penguasa, lan nglakokakake sistem demokrasi desa karo penguasane
sing gelare Ki Ageng. Yaiku Ki Ageng Pamanahan sing nguwasani Mataram lan
mbangun kutha gedhe, banjur Panembahan Senopati anake Ki Ageng Pamanahan
munggah dadi raja Mataram.
Wektu kuwi uga metu daerah perdikan
Mangir sing dipimpin Ki Ageng Mangir Wanabaya. Kayata daerah-daerah liya ing
Jawa, pertempuran ngrebutake kekuwasaan ora karuan, uga antarane Mingir lan
Mataram. Kuwi amarga panggonane perdikan Mangir lan Mataram sing cedhak. Persaingan
loro kekuasaan kuwi sansaya ora karuan, utamane karo usaha sing dijanjikake Ki
Ageng Pamanahan marang Jaka Tingkir (Sultan Hadiwijaya) kanggo nguwasani
Mataram.
Akhire Mangir kalah sawise Ki Ageng
Mangir mati ing tangane Panembahan Senopati sawektu sawektu madhep bareng
Sekar. Pembayun ing perkawinan rekayasa sing digawe Mataram kanggo ngalahake kekuasaan
Mangir lan akhire Ki Ageng Pamanahan nguwasani Mataram.