Pages

Ringkesan Serat Tripama

SERAT TRIPAMA

Anggitan KGPAA Mangkunegara IV

            Nyritakake kabeh prajurit becike bisa niru tingkah lakune Patih Suwanda marang Negara sing digelung dadi siji yaiku Guna (bisa mrantasi gawe supaya dadi unggul), Kaya (nalika paprangan Negara manggada, bisa mboyong putrid dhomas diaturake marang ratu, Purun (kendele wis nyata nalika perang tandhing karo Dasamuka, Ratu negara Ngalengka, Patih Suwanda gugur).

        Ana maneh conto sing becik yaiku Kumbakarna, sanadya wujude buta nanging kepengin nggayuh kautaman. Nalika wiwit perang Ngalengka, dheweke terus ngelingake Dasamuka, supaya Ngalengka tetep slamet. Nanging Dasamuka ora nggugu jalaran dheweke mung mungsuh bala kethek. Kumbakarna netepi satriyane, luwih becik gugur ing paprangan amargi dheweke ngelingi bapak ibune sarta leluhure sing wis mukti ana ing Ngalengka. Conto kabeh kuwi becike ditiru para prajurit, sanadyan tekade buta, nanging tetp golek kautaman.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Twitter
  • RSS

0 Response to "Ringkesan Serat Tripama"