Pages

Parikan

PARIKAN

Parikan iku unen – unen rong gatra. Wanda pungkasan pedhotaning gatra kang kapisan kecape padha karo wanda pungkasan pedhotaning gatra kapindho. Gatra kang kapisan minangka purwaka, dene karepe ana ing gatra kapindho.
Saben sagatra dipedhot 4 – 4, 4 – 8, utawa 8 – 8.

Tuladha :

1.      Parikan pedhotan 4 – 4
a.       Tawon madu ngisep sekar,
Golek ngelmu kudu sabar.

b.      Ngasah arit nganti landhep,
Dadi murid kudu sregep.

c.       Wedang bubuk gula Jawa,
Ora mathuk klewa – klewa.

2.      Parikan pedhotan 4 – 8
a.       Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur,
Kudu jujur, yen kowe kepengin luhur.

b.      Kembang aren, sumebar tepining kalen,
Aja dahwen, yen kowe kepengin kajen.

c.       Kembang cengkeh, gandha sedhep warna aneh,
Wong sing sumeh, tartamtu mitrane akeh.

3.      Parikan pedhotan 8 – 8
a.       Kutha Sala ajeg rame, Sri Wedari neng tengahe,
Aku gela marga kowe, yen janji arang nyatane.

b.      Sega punar sega empal, segane penganten anyar,
Dadi murid aja nakal, kudu ulah ati sabar.

c.       Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula,

Piwelingku mring pra mudha, aja wedi ing rekasa.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Twitter
  • RSS

0 Response to "Parikan"