Pages

Analisis Fungsi Pelaku Cerita Rakyat Jaka Tingkir

JAKA TINGKIR NGABDI ING DEMAK

            Jaka Tingkir kuwi jeneng asline wektu cilik Mas Karebet, putrane Ki Ageng Pengging. Wektu Mas Karebet umure sepuluh taun, Ki Ageng Pengging diukum pati merga dituduh mberontak saka Kasultanan Demak. Ora let suwe ibune uga seda. Banjur Jaka Tingkir dipek anak dening Nyi Ageng Tingkir, kuwi sebabe dheweke diundang Jaka Tingkir. Jaka Tingkir kuwi wong sing seneng tapa ning alas. Saben dina mesthi lunga tapa ning alas lan kuwi gawe Nyi Ageng Tingkir ngrasa susah, merga Jaka Tingkir kuwi putrane sing disayangi. Saben dina wis dijawei supaya ora lunga tapa, nanging Jaka Tingkir tetep wae lunga tapa ing alas merga dheweke sing kepengin dadi wong sekti.
            Sawise muleh saka tapa ing alas, Jaka Tingkir banjur lunga mangkat ing sawah. Ing sawah dheweke ditemoni wong sing gawa pakean ireng kabeh, lan ngakon dheweke supaya mulih lan lunga ngabdi ing Demak. “ he anak muda sing ing sawah, muleha ! merga kowe calon raja sing nguwasni tanah Jawa iki. Luwih apik kowe mulih lan lungan ngabdi ing Demak.” Sawise Sunan Kalijaga muni kaya ng ono, banjur ngilang. Jaka Tingkir kaget, ora ngerti sapa sing bar nemoni dheweke. Banjur Jaka Tingkir muleh, kedayeyan mau dicritakke kabeh marang ibune.  Ibune uga kaget, : “Lho, kuwi kan Kanjeng Sunan Kalijaga. Kowe entuk wahyu. Sunan Kalijaga kuwi wali, lakoni perintahe, ngabdia ing Demak. Serahke marang pamanmu, lungaa nemoni pamanmu Ki Ganjur sing dadi lurah Ganjur uga ngabdi ing Demak.” Jaka Tingkir banjur mangkat nuruti perintahe ibune mau. Ing Demak dheweke ketemu Ki Ganjur lan dikenalke marang Sultan Demak. Sultan Trenggana nrima lan seneng marang Jaka Tingkir sing bisa nyenengke atine Sultan Trenggana, banjur Jaka Tingkir diangkat dadi lurah Wiratamtama.
            Sawijining dina ing alun – alun Demak, kesultanan Demak nganakake sayembara milih prajurit. Nguji para nom – noman sing kepengin dadi tamtama. Sing ora bisa nempeleng ndase banteng nganti pecah, ora bakal ditampa dadi tamtama. Pancen wong sing dadi tamtama kuwi pilihan, amarga tamtama kuwi prajurit sing paling kepilih. Ing kono Jaka Tingkir kang diutus mbiji. Ana salah siji prajurit sing rupane ala, senengane pamer, jenenge Dadungawuk. Jaka Tingkir sing ora seneng marang calon prajurit kuwi banjur nguji kasektene. Ora ana sing nyana, Dadungawuk langsung tiwas. Jaka Tingkir banjur dilaporake marang Sultan Demak merga wis mateni tamtama sing ora salah. Jaka Tingkir banjur di usir, dikongkon lunga saka kasultanan kuwi.
            Jaka Tingkir banjur lunga meguru marang Ki Ageng Banyubiru. Jaka Tingkir diutus Ki Banyubiru supaya lunga ing Kasultanan Demak Bintoro, lan diwebehi lemah kang bisa ndadekake dheweke bisa ketampa maneh ing Kasultanan Demak. Bibar saka Ki Ageng Banyubiru, Jaka Tingkir mangkat menyang Demak dikancani karo muride Ki Ageng Banyubiru yaiku Mas Manca, Mas Wila, lan Mas Wuragil. Rombongane Jaka Tingkir mangkat ngliwati kali Kedungsrengenge nganggo gethek sing wis digawe. Baureksa utawa siluman baya ndungu lan ngerti yen Jaka Tingkir arep ngliwati kali Kedingsrengenge. Ing tengah kali, gethek sing ditumpaki Jaka Tingkir lan rombongane mandheg ora bisa diobahke. Rombongane Jaka Tingkir dicegat siluman baya yaiku Baureksa lan baya – bayane kira – kira 300 baya. Kekarone adu kasekten. Baureksa lan baya – bayane nyerang Jaka Tingkir. Mas Wuragil lan Mas Wila kaget lan ngumpet saka baya – baya sing padha nyerang mau. Gethek sing ditumpaki digawe muter terus. Banjur Mas Manca nangkis serangane baya – baya kuwi lan nguncalake baya – baya kuwi ing ndarat. Jaka Tingkir uga nglawan lan terjun ing banyu nyerang baya – baya kuwi nganti akeh sing padha mati.
            Baureksa ngerti yen baya – bayane akeh sing mati, malah gawe dheweke nyerah marang Jaka Tingkir. Jaka Tingkir ngwenehi syarat supaya Baureksa nyerahke baya  baya kanggo ngiwangi Jaka tingkir. Baya – baya sing asale nyerang malah dadi tundhuk marang Jaka Tingkir. Baya – baya kuwi mbantu perjalanane Jaka Tingkir lan rombongane gawa gethek ngliwati kali Kedungsrengenge. Nek rakit di kethuk ping telu kuwi nandani yen getheke minggir.
            Sawise wis meh tekan ing Demak, Jaka Tingkir entuk kebo liar ing alas sing bakal diuculake ing daerah kasultanan Demak. Satekane ing Demak, Jaka Tingkir ngeculake kebo kang wis dileboni lemah ing kupinge lan digiring menyang lapangan. Kebo kuwi mbladhak ora karuan. Lan ora ana sing bisa ngadhepi polahe. Akeh prajurit sing ora bisa ngalahake kebo liar kuwi. Sultan Trenggana kelingan marang kasektene Jaka Tingkir, lan ngutus Jaka Tingkir supaya mateni kebo liar kuwi. Yen bisa ngalahke lan mateni kebo kuwi bakal dingapura lan bakal ditampa dadi lurah Wiratamtama maneh. Jaka Tingkir banjur njupuk lemah sing ana ing njero kupinge kebo liar mau lan di puter – puter ndhase nganti pecah lan mati. Sultan Trenggana seneng lan muji kasektene Jaka Tingkir sing bisa ngalahke kebo liar sing lagi mbladak ora karuan. Sawise kuwi, Jaka Tingkir banjur diangkat maneh dadi lurah Wiratamtama lan ora let suwe nikah karo  Ratu Mas Cempaka, putrine Sultan Trenggana.
FUNGSI – FUNGSI PELAKU

I.                            SEORANG DARIPADA AHLI KELUARGA MENINGGALKAN RUMAH (definisi : Ketiadaan. Lambang : β)
Ayah dan ibunya Jaka Tingkir meninggal dunia ketika ia umur 10 tahun.
Kutipam :
Wektu Mas Karebet umure sepuluh taun, Ki Ageng Pengging diukum pati. Ora let suwe ibune uga seda.”

II.                         SATU LARANGAN DIUCAPKAN KEPADA WIRA (definisi : Larangan. Lambang : γ)
Setiap hari Nyi ageng Tingkir melarang Jaka Tingkir supaya tidak pergi bertapa di hutan.
Kutipan :
“saben dina Nyi Ageng Tingkir njawei supaya Jaka Tingkir ora lunga tapa ning alas.”

III.                      LARANGAN DILANGGAR (definisi : Pelanggaran. Lambang : δ)
Jaka Tingkir tetap saja pergi bertapa di hutan.
Kutipan :
“Saben dina wis dijawei supaya ora lunga tapa, nanging Jaka Tingkir tetep wae lunga tapa ing alas merga dheweke sing kepengin dadi wong sekti.”
IV.                      PENJARAH MEMBUAT PERCOBAAN UNTUK MENINJAU (definisi : Tinjauan. Lambang : ε)
Rakit yang dinaiki Jaka Tingkir dibuat diam oleh Baureksa dan buaya  buayanya.
Kutipan :
Ing tengah kali, gethek sing ditumpaki Jaka Tingkir lan rombongane mandheg ora bisa diobahke.

V.                         PENJARAH MENERIMA MAKLUMAT TENTANG MANGSANYA (definisi : Penyampaian. Lambang ζ)
Baureksa atau siluman buaya mendengar jika Jaka Tingkir akan melewati sungai Kedungsrengenge.
Kutipan :
Baureksa utawa siluman baya ndungu lan ngerti yen Jaka Tingkir arep ngliwati kali Kedingsrengenge.

VI.                      PENJARAH MENCOBA MEMPERDAYA MANGSANYA DENGAN TUJUAN UNTUK MEMILIKINYA ATAU MEMILIKI KEPUNYAANYA (definisi : Muslihat. Lambang : η)
Baureksa menghadang Jaka Tingkir dengan cara memutar – mutar perahu gethek yang digunakannya.
Kutipan :
“wektu Jaka Tingkir ngliwati kali Kedungsrengenge dicegat karo Baureksa, prau getheke diputer – puter.”

VII.                   MANGSA TERPERDAYA DAN DENGAN DEMIKIAN TANPA PENGETAHUANNYA MEMBANTU MUSUHNYA (definisi : Muslihat. Lambang : θ)
Jaka Tingkir masuk kedalam air dan melawan Baureksa yang menghadangnya. (θ1)
Kutipan :
“Jaka Tingkir mlebu ning njero banyu, banjur nglawan Baureksa sing malah nyegat dheweke wektu ngliwati kali Kedungsrengenge.”

VIII.                PENJARAH MENYEBABKAN KESUSAHAN ATAU KECEDERAAN KEPADA SEORANG AHLI DI DALAM SEBUAH KELUARGA (definisi : Kejahatan. Lambang : A)
Baureksa dan Buaya – buayanya yang menyerang membuat Mas Wuragil dan Mas Wila terkejut dan menyembunyikan diri dari penyerangan buaya.
Kutipan :
Baureksa lan baya – bayane nyerang Jaka Tingkir. Mas Wuragil lan Mas Wila kaget lan ngumpet saka baya – baya sing padha nyerang mau.

VIIIA. SEORANG AHLI KELUARGA SAMA ADA KEKURANGAN SESUATU ATAU INGIN MEMILIKI SESUATU (definisi : Kekurangan. Lambang : a)
                 Jaka Tingkir ingin pergi ke kerajaan Demak untuk menemui Sultan Trenggana.

                 Kutipan :
                 “sawise saka omahe Ki Banyubiru, Jaka Tingkir kepengin lunga ning kerajaan Demak nemoni Sultan Trenggana.”

IX.                      KECELAKAAN ATAU KEKURANGAN DIMAKLUMKAN WIRA DIMINTA ATAU DIPERINTAH, IA DIBENARKAN PERGI ATAU DIUTUSKAN (definisi : Perantaraan peristiwa penghubung. Lambang : B)
Jaka Tingkir diutus oleh Ki Ageng Banyubiru agar pergi ke Kasultanan Demak.
Kutipan :
Jaka Tingkir diutus Ki Banyubiru supaya lunga ing Kasultanan Demak Bintoro.”

X.                         PENCARI BERSETUJU ATAU MEMUTUSKAN UNTUK BERTINDAK BALAS (definisi : Permulaan Tindak Balas. Lambang : C)
Jaka Tingkir membawa kerbau liar yang nantinya akan dilepaskan ditempat Sultan Demak.
Kutipan :
“Jaka Tingkir lan rombongane gawa kebo liar bakal di uculke ning wilayah kerajaan.”

XI.                      WIRA MENINGGALKAN RUMAH (definisi : Pemergian. Lambang : Ỉ)
Setelah berguru kepada Ki Banyubiru, Jaka Tingkir pergi ke kasultanan Demak.
Kutipan :
“sawise Jaka Tingkir diutus Ki Banyubiru, Jaka Tingkir banjur lunga ning kasultanan Demak.”

XII.                   WIRA DIUJI, DISOAL, DISERANG DAN LAIN LAIN YANG MENYEDIAKAN WIRA KE ARAH PENERIMAAN SAMA ADA SESUATU ALAT MAGIS ATAU PEMBANTU (definisi : Fungsi pertama donor. Lambang : D)
Zero

XIII.                WIRA BERTINDAK BALAS KEPADA TINDAKAN-TINDAKAN BAKAL PEMBERI (definisi : reaksi wira. Lambang : E)
Jaka Tingkir menemukan kerbau liar yang akan dibawa dan dilepaskan di kasultanan Demak.
Kutipan :
“wis meh tekan Demak, Jaka Tingkir entuk kebo liar sing arep digawa lan digawe ngamuk ing Demak.”

XIV.                WIRA MEMPEROLEHI AGEN SAKTI (Definisi : pembekalan atau penerimaan alat sakti. Lambang : F)
Jaka Tingkir diberi tanah oleh Ki Ageng Banyubiru yang bisa membuat Jaka Tingkir akan diterima lagi.
Kutipan :
lan diwebehi lemah kang bisa ndadekake dheweke bisa ketampa maneh ing Kasultanan Demak.
XV.                   WIRA DIPINDAHKAN, DISAMPAIKAN ATAU DIPANDU KE TEMPAT-TEMPAT TERDAPATNYA OBJEK YANG DICARI (definisi : perpindahan diantara ruang, diantara dua negeri, panduan. Lambang : G)
Jaka Tingkir dipandu oleh buaya – buaya yang membawa rakitnya, apabila rakit diketuk tiga kali akan  menepi.
Kutipan :
“Jaka Tingkir banjur diewangi baya – bayane Baureksa gawa rakite, nak rakit mau diketuk ping telu bakal minggir.”

XVI.                WIRA DAN PENJARAH TERLIBAT DI DALAM PERTARUNGAN (definisi : Perekrutan. Lambang : H)
Jaka Tingkir dan Baureksa terlibat pertarungan.
Kutipan :
Kekarone adu kasekten. Baureksa lan baya – bayane nyerang Jaka Tingkir.

XVII.             WIRA DITANDAI (definisi : Penandaan. Lambang : J)
Zero

XVIII.          PENJARAH DITEWASKAN (definisi : Kemenangan. Lambang : I)
Dalam peperangan banyak buaya dari Baureksa yang mati dikalahkan oleh Jaka Tingkir di sungai tersebut.
Kutipan :
“akeh bayane Baureksa sing mati dikalahke karo jaka Tingkir.
XIX.                KECELAKAAN ATAU KEKURANGAN AWAL DIATASI (Lambang : K)
Setelah dekat dengan tempat Sultan, Jaka Tingkir mendapat kerbau liar yang akan dibawa dan dibuat mengamuk.
Kutipan :
“sawise meh tekan panggonane Sultan Demak, Jaka Tingkir entuk kebo liar ning alas sing bakal digiring ning kasultanan.”

XX.                   WIRA PULANG (definisi : Kepulangan. Lambang :  ↓)
Jaka Tingkir pulang kembali ke Demak menemui Sultan Trenggana, guru tempat ia mengabdi sebelumnya.

XXI.                WIRA DIKEJAR (definisi : pengejaran. Lambang : Pr)
Zero
XXII.             WIRA DISELAMATKAN (definisi : penyelamatan. Lambang : Rs)
Zero

XXIII.          WIRA YANG TIDAK DIKENALI, TIBA KE NEGERINYA ATAU KE NEGERI LAIN (definisi : Kepulangan tanpa dikenali. Lambang : O)
Jaka Tingkir setelah sampai dikasultanan Demak melihat kerbau liar yang sedang mengamuk.

Kutipan :
“ing kasultanan Demak, Jaka Tingkir ndelok kebo liar sing digawa mau mbladhak.”                       

XXIV.          WIRA PALSU MEMPERSEMBAHKAN  TUNTUTAN PALSU (definisi : Tuntutan Palsu. Lambang : L)
Zero

XXV.             SUATU TUGAS YANG SUSAH DICANDANGKAN KEPADA WIRA (definisi : Tugas Berat. Lambang : M)
Jaka Tingkir ditugasi Sultan Trenggana untuk mengalahkan kerbau liar, jika berhasil akan diterima dikesultanan Demak.
Kutipan :
“akeh prajurit sing kalah nglawan kebo liar, banjur Sultan Trenggana ngutus Jaka Tingkir supaya nglawan kebo liar kuwi. Nak dheweke bisa mateni bakal diangkat maneh dadi lurah wiratamtama.”

XXVI.          TUGAS DISELESAIKAN (definisi : Penyelesaian. Lambang : N)
Jaka Tingkir akhirnya bisa membunuh kerbau liar tersebut.
Kutipan :
“Jaka Tingkir muter ndase kebo liar kuwi nganti ndase pecah, lah akhire kebo kuwi bisa dipateni karo Jaka Tingkir.”

XXVII.       WIRA DIKENALI (definisi : Pengecaman. Lambang : Q)
Jaka Tingkir dikenali dengan mudahnya ia mengalahkan kerbau liar tersebut yang sedang mengamuk.
XXVIII.    WIRA PALSU ATAU PENJARAH DIDEDAHKAN (definisi : Pendedahan. Lambang : Ex.)
Zero

XXIX.          WIRA DIBERI RUPA BARU (definisi : Penjelmaan. Lambang : T)
Zero

XXX.             PENJARAH PALSU DIHUKUM (definisi : Hukuman. Lambang : U)
Zero

XXXI.          WIRA BERKAWIN DAN MENAIKI TAKHTA (definisi : Perkahwinan. Lambang : W)
Jaka Tingkir diangkat kembali menjadi lurah Wiratamtama, kemudian menikah dengan putrinya sultan Trenggana.
Kutipan :
Jaka Tingkir banjur diangkat maneh dadi lurah Wiratamtama lan ora let suwe nikah karo  Ratu Mas Cempaka, putrine Sultan Trenggana.


  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Twitter
  • RSS

0 Response to "Analisis Fungsi Pelaku Cerita Rakyat Jaka Tingkir"