Pages

Wayang

BATHARA  SURYA

           Bathara Surya uga peparap Sanghyang Wiwaswat, ya kekasih Sanghyang Martanada sanyata Dewaning Rahina, kahyangane ana ing Ekacakra. Sanghyang Bathara Surya kagungan garwa loro yaiku Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni. Miturut pakem pedhalangan, Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni padha pinaringan antiga siji sewang (niji) dening Sanghyang Bathara Guru. Antiga iku pinangkane saka Dewi Kastapi, putra-putrine Bathara Wisnu. Antiga kang diparingake Dewi Ngruna ing tembene netes dadi loro yaiku Kagendra Sempati lan Kagendra Jenthayu . Dene ingkang kaparingake marang Dewi Ngruni netes dadi Naga Gombang lan naga cilik-cilik sapirang-pirang.
Bathara Surya atmajane Bethara Ismaya (Semar), kagungan titihan kang awujud kreta bhirawa apanggeret turangga pitu cacahe, padha gedhene, padha rosane lan padha dene banter playune. Ya kreta kuwi kang nate diampil Sanghyang Bathara Wisnu, dienggo nggiles satruning Suralaya Prabu Watugunung rati ing Gilingwesi nganti tumekaning tiwas (nalika cangkrimaning sang prabu wis kelakon kabadhe dening Sanghyang Wisnu).
Putrane Sanghyang  Bathara Surya kang kerep kacaritakake ana ing pedhalangan ana loro: Sanghyang Rawiatmaja, yaiku ingkang nurunake para ratu ing Maespati. Dene kang angka loro, Sang Karno Basusena ingkang miyos saka Dewi Kunthi. Kajaba peputra Karno Basusena, Bathara Surya uga apeputra putri  yaitu Dewi Tapati. Dene Dewi Tapati nuli kagarwa dening Prabu Samwarana (Sambarana), peputra kakung Prabu Kuru.
Tedhak turune Prabu Kuru diarani Kurawa. Bisane Prabu Samwarana kaleksanan nggarwa Dewi Tapati, awit saka pitulungane Sang Maharsi Wasistha kang diaturi nglamarake sang Dewi. Ya, sowan Bathara Surya, nyuwun supaya Dewi Tapati kepareng kagarwa Prabu Samwarana.
Kacarita Sang Bathara Surya iku kalebu salah sijining jawata kang mbeling, seneng nggonjak Widadari ing Kaendran, kalebu Dewi Windradi ya Dewi Windrati. Rehning Bathara Indra ngawuningani bab lekase Dewi Windradi kang agawe kuceming kawibawan Kaendran nuli bakal kadhawuhan tumurun ana ing madya pada, sarta bakal kajodhokake karo Sang Maharsi Gutama. Apa sebabe dene kang pinilih bakal kaparingan jodho Dewi Windradi kok Maharsi Gutama. Ana perkara kang dadi keprihatinane para Dewa.
Maharsi Gutama kuwi nggone anggentur tapa katarima dening Hyang Suksma Kawekas, tandhane,  resi Gutama iki sekti mandraguna, awas pandulune ora mung netrane nanging uga batine, bisa wuninga marang kedadeyan kang bakal kelakon nadyan atusan taun bakale. Kapindho mandi sabdane malah kapara ngungkuli para Dewa ing kahyangan. Para Jawata padha nguwatirake, kalebu Bathara Surya.
Mulane bareng midhanget yen Dewi Windrati arep diparingake marang sang Maharsi Gutama, nuli ditemoni ing patenggane sang dewi bab sandining laku sarta kaparingan jimat Cupu Manik Astagina kanggo piranti sesambungan. Kagawa saka bektine sang Maharsi Gutama marang ingkang murba wasesa jagat saisine iki, sanadyan kersane Bathara Indra iku wis diwuningani, nanging ora kersa andhisiki. Mulane nadyan tata gelar Dewi Windrati iku dadi garwane, nanging babar pisan tan nate ngladosi pulang asmara. Nganti apeputra telu, Anjana, Anjarnaka, lan Anjani putri pambayune. Kabeh putrane Dewi Windrati kuwi patutan karo Dewa Rahina ya Bathara Surya. Parandene katresnan lan pamomonge marang putra putri  telu mau katon gemati banget, ora mantra-mantra yen mau kabeh turase Bathara Surya. Resi Gutama pancen pinunjul lan limpat ing budi miwah bangkit ngaling-alingi wewadining para Dewa. Hyang Suksma banget rena lan tresna marang Sang Maharsi, mula nadyan Jawata anak Dewa kadidene Bathara Surya tansah wibawa marang sang Maharsi.
Ora mung kandheg semono Bathara Surya nggone maksih ngujo hawa nepsune, rumangsa darbe kalenggahan pangwasa dadi dewataning rahina, nalikane jaman Prabu Pandhu uga diambali maneh. Nalika semono Dewi Kunthi Nalibrata kagungan guru Begawan Durwasa utawa Druwasa. Sang Dewi pinaringan aji-aji kang aran Aji Sabda Tunggal tanpa lawan utawa aji Adityahredaya, yen winateg bisa nekakake dewa. Larangane ora kena diucapake wektu siram. Dewi Kunthi kepengin nyoba dayaning aji mau, nanging kesupen nalika iku pinuju aneng sasana pasiraman.

Ing Kahyangan Ekacakra Sang Bathara Surya piniji aso sarira, ketaman getering daya kang asalae saka Negara Mandura, tanggap Sang Bathara, sigra nggeblas marepeki dununging daya pangaribawa, jebul manggon ana njero sasana pasiraman. Sakala kagyat kang tumingal, kekarone padha pandeng-pandengan, sakecap tan ana kang angandika, mung kena dayaning aji Adityahreday mau, embuh sapa kang miwiti datan saranta kekarone wus klelep ing madyaning yuda pulang asmara. Mangka Dewi Kunthi isih kenya, banjur nggarbini. Geger negara Mandura, Begawan Druwasa tinimbalan, pungkasaning jabang bayi kang neng guwa garba nuli sinidhikara. Bareng wis samekta, ana kaelokan si jabang mijil saka ing karnane Dewi Kunthi. Miyos kakung bagus glewo-glewo, winadhahan kandhaga kalarung ing narmada ( begawan).


  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Twitter
  • RSS

0 Response to "Wayang"