Pages

Tuladha Pranatacara



Pranatacara Pahargyan 
( Pengetan Ambal Warsa Palakrama )

Assalamualaikum Wr. Wb.
            Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang Maha Asih mugi kajiwa kasarira kula panjenengan sedaya waradin sagung dumadi.
Nuwun.
Panjenengan Bapa Hadi saha kulawarga ingkang dhahat sinudarsana.
Para tamu kakung putri ingkang winantu ing kamulyan.
            Pinuwarkan kanthi puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Asih, ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan, kabahagyan saha katentreman. Katitik ing wekdal punika, kula panjenengan sedaya saget makempal ing dalemipun Bapa Hadi, kanthi mboten wonten alangan satunggal punapa.
        Nuwun sanggyaning para tamu kakung putri ingkang winantu ing suka rahayu. Kaparenga kula nglantaraken rantaman adicara pahargyan pengetan 25 warsa palakrama Ibu saha Bapa Hadi ing ndalu punika :
Sepisan                   : Pambuka
Kaping kalih            : Atur pambagyaharja dening Mas Winarna, minangka putra Bapa Hadi.
Kaping tiganipun      : Santi Swara Puja Rena dening paguyuban santi swara ingkang dipunpandhegani dening Ibu Lilik.
Kaping sekawan      : Tanggap sabda  dening Bapa Hadi.
Kaping gangsal        : Selingan beksan saking paguyuban Bina Sejahtera.
Kaping nenem          : Donga dening Bapa Kardi.
Kaping pitu              : Panutup.
            Bapak Ibu saha para tamu ingkang winantu ing pakurmatan. Mekaten rantaman adicara pahargyan pengetan 25 warsa palakrama Ibu  saha Bapa Hadi ing ndalu punika.
Wasana sakderengipun adicara kawiwitan, mangga sareng-sareng maos Basmallah langkung rumiyin : Bismillahirrahmanirrahim
       Bapak saha Ibu ingkang kinabekten. Menggah titilaksana adicara salajengipun inggih : Atur pambagyaharja saking putra Bapa Hadi. Katur panjenengan Mas Winarna, kula sumanggaaken, nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Twitter
  • RSS