Pages

Ringkesan Babad Mangir

BABAD MANGIR

         Nyritakake wektu Majapahit runtuh lan Jawa dadi daerah sing ora ngenal kekuasaan tunggal. Wektu kuwi Walisanga mulai nyebarke Islam lewat pesisir utara, lan Portugis wis teka ing Sunda Kelapa. Kekuasaan sing ora berpusat kasebar ing Jawa, dadikake kacau kabeh. Perang katerusan kanggo ngrebut kekuasaan tunggal dadikake pulau Jawa bubrah. Saengga ing pulau Jawa metu daerah-daerah cilik utawa desa sing bentuke perdikan utawa desa sing ora duweni kewajiban mbayar pajak marang pemerintah penguasa, lan nglakokakake sistem demokrasi desa karo penguasane sing gelare Ki Ageng. Yaiku Ki Ageng Pamanahan sing nguwasani Mataram lan mbangun kutha gedhe, banjur Panembahan Senopati anake Ki Ageng Pamanahan munggah dadi raja Mataram.
Wektu kuwi uga metu daerah perdikan Mangir sing dipimpin Ki Ageng Mangir Wanabaya. Kayata daerah-daerah liya ing Jawa, pertempuran ngrebutake kekuwasaan ora karuan, uga antarane Mingir lan Mataram. Kuwi amarga panggonane perdikan Mangir lan Mataram sing cedhak. Persaingan loro kekuasaan kuwi sansaya ora karuan, utamane karo usaha sing dijanjikake Ki Ageng Pamanahan marang Jaka Tingkir (Sultan Hadiwijaya) kanggo nguwasani Mataram.

Akhire Mangir kalah sawise Ki Ageng Mangir mati ing tangane Panembahan Senopati sawektu sawektu madhep bareng Sekar. Pembayun ing perkawinan rekayasa sing digawe Mataram kanggo ngalahake kekuasaan Mangir lan akhire Ki Ageng Pamanahan nguwasani Mataram.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Twitter
  • RSS

0 Response to "Ringkesan Babad Mangir"