Pages

Sinopsis novel Ngulandara

NGULANDARA

Nyritakake kisah perjalanane wong lanang keturunan ningrat, jenenge Raden Mas Sutanta. Dheweke lunga ngubengi kutha, amarga kepengin golek jatidirine. Raden Mas Sutanta mutuske ninggalke omah, amarga usahane sing wis gagal. Dheweke kepengin usaha dhewe tanpa bantuan wong tuwane. Ing perjalanane, Raden Mas Sutanta banjur ketemu asisten wedana saka Ngadireja. Raden Sutanta kerja ing kono dadi sopir lan diwenehi kapercayan ngrumati kuda kesayangane Raden Bei Asisten Wedana.
Sawektu kerja karo Raden Bei Asisten, Raden Mas Sutanta entuk pengalaman kang akeh, yen dadi wong urip kuwi ora bisa tanpa bantuane wong liya, amarga wong kuwi ora urip dhewe saengga butuh bantuan lan dukungane wong liya, utamane bantuan keluargane lan kancane. Raden Mas Sutanta sing jenenge dadi Rapingun, banjur tresna marang anake Raden Bei Asisten Wedana sing jenenge Raden Ayu Supartinah.

Raden Mas Sutanta eling lan sadar yen dheweke salah lunga saka omah, saengga dheweke mutuske ninggalke kerjaane sing dadi sopir, banjur balik ing omah. Satekane ing daerahe, dheweke kerja maneh lan ketemu karo keluargane saka Ngadireja,banjur dheweke mutuske nglamar anake Raden Bei Asisten Wedana dadi garwane. Akhire Raden Mas Sutanta lan Raden Ayu Supartinah nikah lan urip seneng. 

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Twitter
  • RSS

0 Response to "Sinopsis novel Ngulandara"