Pages

Wayang

MAHARSI WIYASA

            Begawan Abiyasa uga sinebur Sang Maharsi Wiyasa. Ibune Abiyasa asma Dewi Gandawati, atmajane Prabu Wasupati ratu ing Negara Wiratha. Wiwit isih timur Dewi Gandawati diparingake marang Prabu Dasa dening ingkang Rama. Sawise diwasa, Dewi Gandawati kagarwa Begawan Palasara, peputra Abiyasa. Sawise peputra Abiyasa, Dewi Gandawati dipasrahake dening Begawan Palasara marang Prabu Wasupati. Nanging nalika Dewi Gandawati nedya didhaupake Prabu Sentanu, ratu ing Ngastina, Begawan Palasara rawuh ing kedhaton Wiratha nedya mbaleni Dewi Gandawati, satemah Prabu Wasupati kawekon ing penggalih.

Dumadakan Bathara Narada rawuh ing kedhaton Wiratha nemoni Prabu Wasupati, Prabu Sentanu, lan Begawan Palasara. Bathara Narada paring dhawuh supaya Dewi Gandawati di dhaupake karo Prabu Sentanu, nanging Prabu Sentanu kudu masrahake negara Ngastina marang Begawan Palasara. Wiwit nalika iku Sang Palasara jumeneng ratu ing Ngastina jejuluk Prabu Dipakiswara. Mula barengwissawetara warsa anggone jumeneng nata, banjur kalingsirake marang Sang Wiyasa, jejuluk Prabu Kresna Dwipayana, Sang Rancakaprawa hiya jejuluk Sang Sutiknaprawa. Mula jejuluk Sang Kresna Dwipayana awit pakulitane ireng cemani terus ing balung sungsum, mula kawastanan Sang Rancakaprawa jalaran dhangan paring tetulung marang kawulane kang anandhang susah. Mulane jejuluk Sutiknaprawa awit remen nggeganjar sarta agawe senenging atine para kawulane.
            Garwane Sang Kresna Dwipayana kabeh ana telu yaiku:
  • Dewi Ambika, atmajane Prabu Darma Muka ratu ing Negara Kasi, patutan anak lanang pekik, mung cacat wuta wiwit lair, dijenengake Dhestaratra.
  • Dewi Ambalika rayine Dewi Ambika, peputra Pandhu Dewanata
  • Dewi Datri, wanita saka golongan waisya (ing sakawit parekane Dewi Ambika) peputra Widura (Yamawidura).
Ing sadurunge dadi garwane Sang Wiyasa, putri tetelu mau dadi garwane Raden Dewabrata ya Sang Bisma. Nanging gandheng Bisma wadhat, mula penggalihe Dewi Gandawati ya Dewi Setyowati susah banget, awit banjur cuthel ora ana sing nerusake nyambung dharah Barata. Mulane Bisma nuli matur.
“Nuwun sewun Kanjeng Ibu, kepareng kawula ngaturaken tetuladhan, nalika satriya saindenging bawana tumpes-tampis dipun sirnakaken dening Begawan Palasara, nalika semanten para putri garwanipun para satriya punika sami marak dhateng para brahmana, sami nyuwun dipun nugrahani putra. Putra-putrinipun warandhanipun satriya ingkang saking para Brahmana kalawau dados golonganing satriya. Awit saking punika, ing marcapada lajeng tuwuh satriya malih. Kanjeng Ibu, sasampunipun paduka midhanget tetuladhan ingkang mentas kula aturaken, wontena kepareng paduka lajeng kersa milih Brahmana pundi ingkang badhe paduka minta sraya, supados nugrahani putra dhateng Dewi Ambika lan Dewi  Ambalika, kangge nyambet dharah Bharata sampun ngantos kalajeng cures utawi sirna.

Sapari purnanipun atur, Dewi Gandawati ya Dewi Setyawati mak byar, banjur kelingan yen darbe pulunan sadurunge ginarwa ing Prabu Sentanu, yaiku Maharsi Wiyasa, putrane Sang Dewi patutan karo Begawan Palasara. Kawiyos ngendikane Sang Dewi, ‘Kulup wruhanira, ing sadurunge ingsun winengku ramanira, ingsun wis nate kagarwa ing Brahmana pinunjul asma Begawan Palasara. Ingsun wis sesuta siji patutan karo Sang Begawan , peparabe Maharsi Wiyasa. Menawa ndadekake panujuning penggalihmu, Sang Wiyasa  nedya ingsun timbali, bakal ingsun dhawuhi nggarwa Dewi Ambika lan Dewi Ambalika.

Ature Bisma , “Kanjeng Ibu, sakalangkung kapasang yogi, menawi sang Maharsi Wiyasa kersa nggarwa warandha kekalih punika.”

Kacarita Dewi Gandawati ya Dewi Setyawati sakala banjur muja semedi, lenging cipta kang tinuju amung Sang Maharsi Wiyasa. Katarima panedhane sakala mak jleg tanpa weruh sangkane Maharsi Wiyasa rawuh. Sawuse dhinawuwan sandining gati, sang Maharsi Wiyasa gelem lan banjur klakon putri tetelune  pisan kagarwa dening Sang Kresna Dwipayana nganti patutan Dhestarata, Pandhu, lan Widura.

Sawise sawatara warsa , kalenggahaning kraton Ngastina banjur lumengser marang Sang Pandhu. Pandhu kagungan putra Pandhawa lima: Puntadewa, Bratasena, Harjuna, Nakula, lan Sadewa. Jroning kalengjroning kraton ing Ngastina kaparingake marang sang putra Pandhu Dewanata, Sang Kresna Dwipayana bali mertapa ana ing wukir Retawu hiya Pertapan Wukir Saptaharga. Sang Begawan banget tresnane marang para wayahe, luwih-luwih marang Puntadewa.


  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Twitter
  • RSS

0 Response to "Wayang"