Pages

Ringkesan Serat Sabda Tama

SERAT SABDA TAMA

            Nyritakake yen ing jaman Kala Bendu yaiku jaman sing akeh kasusahan, jaman sing ora nentu, kabeh wong luwih becik usaha ngurangi hawa nafsune lan sifat sing nguntungke awake dhewe nanging ngrugikake wong liya. Para pemimpin, pejabat, politikus aja mikirake awake lan keluargane dhewe, nanging uga mikirake nasibe kabeh wong. Sapa wae, statuse apa wae kudu duwe komitmen kanggo nglakoni perbuatan sing becik la nana manfaate kanggo wong liya. Kanggo wong sing nerapake prilaku manfaatke kesempatan lan kedhudhukan, kewenangan, uga kekuasaan, uripe bakal akeh susahe, ora bisa tentrem lan ayem. Akibate kabeh perbuatan sing dilakoni mau bakal ngrugikake awake dhewe, lan kabeh kuwi bakal ngilangke martabat lan kehormatane, sarta kabeh wong ora ana sing percaya.

            Wong sing ora gelem mbenahi prilakune, ing jaman Kala Bendu bakal tambah kasusahan. Prilaku sing sewenang-wenang tambah akeh. Prilaku sing becik sansaya ora katon, malah ora bisa bedakake prilaku sing becik lan prilaku sing ala. Kabeh kuwi amarga prilaku ala sing wis akeh diduweni manungsa.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Twitter
  • RSS

0 Response to "Ringkesan Serat Sabda Tama"