Pages

Ringkesan Serat Rangsang Tuban

SERAT RANGSANG TUBAN

Anggitan Padmasusastra

           Nyritakake ana pangeran loro saka Negara Tuban jenenge pangeran Warihkusuma lan pangeran Warsakusuma, putra raja Sindupati saka kerajaan Tuban. Pangeran loro kuwi sing asale apik malah dadi mungsuh, amarga pangeran Warihkusuma sing arep nikahi Endang Wresti, wong wadon sing ayu kaya widadari kahyangan. Wektu kuwi pangeran Warsakusuma dadi raja Tuban nggenteni bapake sing wis seda, ngeterake kakange sing arep nglamar Endang Wresti. Banreng ngerti yen Endang Wresti ayu bangt, pangeran Warsakusuma malah tresna marang Endang Wresti. Dheweke iri marang kakange, malah duweni kekarepan supaya bisa nduweni Endang Wresti. Sawise Warhkusuma mboyong Endang Wresti, Warsakusuma fitnah kakange sing dadikake Warihkusuma diusir saka kerajaan Tuban. Bareng wis bisa ngusir kakange, dheweke banjur nikahi Endang Wresti. Kawi paksa lair anak sing jenenge Udakawimba.
            Warihkusuma banjur lunga menyang alas lan nemoni kerajaan jenenge Banyubiru. Ing kono Warihkusuma ngabdi marang prabu Hertambang, raja kerajaan Banyubiru. Sang prabu malah duweni niat arep nikahke putrid tunggale sing jenenge Dewi Wayi karo Warihkusuma. Akhire Warihkusuma lan Dewi Wayi nikah, nanging sawise nglahirake putrine sing pertama, Dewi Wayi tinggal. Permaisuri lan raja malah nudhuh yen Warihkusuma sing nyebabke putrine tinggal, akhire Warihkusuma diusir lan anake dikenterke ing kali. Amake bakal ditemu dening Kyai Bulud Wulusan, lan dijenengi Rara Sendang, sing akhire bakal dadi garwane Udakawimba.

            Warihkusuma ngimpi kepethuk Endang Wresti, ngimpi kuwi saing nyebabke dheweke mbalik ing kerajaan Tuban. Jebul raja Tuban Warsakusuma yaiku adhine malah wis tinggal. Kerajaan sing asale dicekel Toyamarta, banjur diserahke marang Warihkusuma, lan akhire Warihkusuma ketemu maneh karo ending Wresti. 

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Twitter
  • RSS

0 Response to "Ringkesan Serat Rangsang Tuban"