Pages

Sinopsis Novel Serat Rijanta

SERAT RIJANTA

Kacariyos ing Surakarta wonten raden ingkang alus mulus budinipun, parase apik lan alus tutur basane naminipun Raden Mas Riyanta.
Raden Ayu lajeng menehi tugas dateng Raden Ajeng kangge nggoleki ngerti masalahe kangmase lan taken alasne kangmase dereng purun rabi, umpami Raden Ajeng gagal badhe dipunwenehi hukuman ingkang abot. Lajeng Raden ajeng menyang pesanggrahane kangmase lan nyeritakake kabeh lajeng Raden Riyanta namung njawab menawi anggennipun dolan wayah wengi menika namung dolan-dolan lan dheweke dhurung rabi amargi dheweke duwe papengenen duwe bojo ingkang padha senenge,a pik sifate, luhur anggone bebudine, dipunsenengi dhateng ibune kaliyan besane ugi seneng kaliyan Raden Riyanta lan ibu uga besane uga rukun. Sak sampunipun lajeng Raden
Raden Riyanta katamu kalian kanca yaiku Raden Mas Durjat lajeng Raden Durjat ngajak dhateng khomiden, Mboten dangu teng komidhen wonten bencana
Sak sampunipun sareh Raden Riyanta kelengan menawi ibune badhe katemun kaliyan dheweke, banjur Raden Riyanta mulih menyang omah. Ing tengah dhalan Raden Riyanta kaget amargi katubruk kalian lare estri jenenge Raden Ajeng Srini saweg nangis lajeng Raden Riyanta nakoni sebabe dheweke nangis lan nang ndi wong tuwa uga omahe nanging ora njawab, lajeng diajak wonten ing warung. Sakedap Raden Riyanta menyang mburi lan wektu iku ana Kreta liwat lajeng Srini mlayu njaba jebule kreta niku ibune lajeng Srini lunga tanpa pamit.
Ing salah wijining tempat, sak sampunipun ngantos omahe Raden Srini dipun tangleti bapake yaiku Kyai Pramayoga ingkang tesih sedulur kalian ibunipun raden Riyanta sak terus nipun Raden Srini nyritaake kabeh dateng ramane, lajeng ramane kget amargi ngrasa menawi Raden Srini mboten sopan margi sampun ditulung nanging malah lunga ora ngomong dhisik akhire ramane ngelingna Raden Srini menawi ketemu malih kalian tiyang ingkang sampun nulungi raden srini ken matur nuwun dateng tiyang menika.
Ing wektu dhewean sawise ditinggal Raden  Srini tanpa pamit Raden Riyanta kepikiran terus nanging amargi mboten nemoni Raden Srini malih lajeng Raden Riyanta mulih menyang omah pas teka ing omah adine wis lagi nangis amargi didhukani Raden Natasewaya. Lajeng adine taken marang kangmase naging kangmase ora bisa njawab amargi mboten saget njelasaken lan malah ngengken adine menawi Raden Riyanta badhe nemoni Ibune dhewe antara tigang dinten niki.Sampunipun tigang dinten Raden Riyanta mboten nemoni malah dheweke minggat Sawise pirang dina minggat ibune anggone ngoleki ora ketemu lajeng nyuwun pitulungan marang pamane Raden Riyanta pas ketemu jebul lare estri ingkang digoleki raden riyanta ana uga neng kono yaiku Raden Srini sing jebule anake pamane dhewe.
Pirang dina sawise kui Raden Riyanta bali nanging menyang omahe pamane omong-omongan lah wektu kuwi dheweke dadi ngerti nek pamane dhue anak sing jebule lare estri ingkang dheweke goleki yaiku srini. Banjur sakwise kui Raden Riyanta bali menyang omah amargi ibune lagi gerah ujug-ujug dheweke kaget pas nemoni ibune amargi ketemu karo lare estri iku sing jebule Srini.
Pirang dina ketemu akhire Raden riyanta lan Raden srini ngrasaake rasa padha seneng ing penggalihe.Akhire sawise oleh restu adi lan ibune amargi ngerti menawi anake kui uga seneng karo Raden Srini, Raden Riyanta kaliyan Raden Srini dados nganten senajan sempet dilemboni neng pamane ngantos Raden Riyanta ilang semangate amargi diwenehi ngertos menawi Raden Srini arep dadi nganten karo wong liya.


  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Twitter
  • RSS

0 Response to "Sinopsis Novel Serat Rijanta"